Terima kasih telah singgah di blog sederhana ini...
Syiir Tanpo Waton
Karya: Gus Nizam
kelawan
muji maring pangeran
kang
paring rohmad lan kenikmatan
rino
wengine tanpo petungan
duh
bolo konco prio wanito
ojo
mung ngaji syariat bloko
gur
pinter ndongeng nulis lan moco
tembe
mburine bakal sengsoro
akeh
kang apal quran hadits’e
seneng
ngafirke marang liyane
kafire
dewe dak digateke
yen
iseh kotor ati akal’e
gampang
kabujuk nafsu angkoro
ing
pepaese gebyare ndunyo
iri
lan meri sugih’e tonggo
mulo
atine peteng lan nisto
ayo
sedulur jo nglale’ake
wajibe
ngaji sak pranatane
nggo
ngandelake iman tauhid’e
baguse
sangu mulyo matine
kang
aran soleh bagus atine
kerono
mapan seri ngelmune
laku
thoriqot lan makrifat’e
ugo
haqiqot manjing rasane
alquran
qodim wahyu minulyo
tanpo
tinulis biso diwoco
iku
wejangan guru waskito
den
tancep’ake ing njero dodo
kumantil
ati lan pikiran
mrasuk
ing badan kabeh jeroan
mukjizat
rosul dadi pedoman
minongko
dalan manjing’e iman
kelawan
Allah kang moho suci
kudu
rangkulan rino lan wengi
ditirakati
diriyadohi
zikir
lan suluk ‘jo nganti lali
uripe
ayem rumongso aman
dununge
roso tondo yen iman
sabar
narimo nadyan pas-pas’an
kabeh
tinakdir saking pangeran
kelawan
konco dulur lan tonggo
kang
podo rukun ojo dursilo
iku
sunahe rosul kang mulyo
nabi
Muhammad panutan kito
ayo
nglakoni sekabehane
Allah
kang bakal ngangkat drajat’e
Sanajan
asor toto dhohir’e
Ananging
mulyo maqom drajat’e
Lamun palastro
ing pungkasan’e
Ora kesasar
roh lan sukmane
Den gadang
Allah swargo manggon’e
Utuh mayit’e
ugo ules’e

Tidak ada komentar:
Posting Komentar